10.12.06

Nalika atiku lara...

LUNGAMU

Sembribit angin wengi iki, angresep alon
remasuk ing sajroning balung sumsumku
hanyipta lelagon sumbang tanpa swara
bebarengan karo wewayanganmu kang dumadakan tumeka
kemrosak, anggugah pudharing sinar bagaskara ing atiku
kang wis sawetara wektu katinggalake endahmu

grimis marai miris
trenyuh, banjur ajur dadi tangis

lungamu tanpa pamit
nggawa kidung asmaradana sing wis dak anggit
ninggalake jejering atiku kang sanalika salit
kangen, ngronce impen saumpama tansah sarimbit

ikhlas...
menawa lungamu bakal nitih cemloroting lintang
marani alusing dalan lan kabagyan
sanadyan ta aku kudu kelangan
sakabehing janji, prasasti lan manising kahanan
sing biyen tansah dadi pasugatane bebrayan

rila...
aku rila sliramu kepencut marang tresna liya
jer aku wis niba tangi mlajar playumu
mbok menawa pancen iki wis dadi kodrating uripku

amung donga sing tansah dak upakara
muga kuwat lakuku mlipir sapinggiring getir
muga tabah atiku nampa sakabehing lelara

+++-----------------------------------------------------------------------+++
ASMARANDANA

Janur gunung, sliramu jumedhul ambuka getasing asmaraku
nalika luluh swiwiku mangambang ing satengahing mega lan lintang
numpuk-numpuk geguritan tanpa mangerti kahanan
rembulan wis bali marang panggonan

esuk iki aku bali
ananging ngapa sliramu mung ngedhepake netra tanpa mijarke rasa
kamangka ing sepiku iki,
aku kepingin ngrengkuh rejaning pasuryanmu
sanajan mung klebating wewayangan

apa ora eling...
esemmu biyen sing agawe mendem atiku
netramu sing agawe kasengsem batinku
jumbuh karo tumindakmu kang tansah endah

saiki sliramu cidra
gemandhul ing pucuk langit
ing kene, kangenku mung bisane njerit
+++-----------------------------------------------------------------------+++
PEDHOT
pirang taun sasuwene iki
aku tansah manganti-anti tekamu
nanging sing teka mung salembar kertas putih
sing diarani layang
ah...
ora ana kangen kasebut
ora ana tresna kagawa
mung tumetesing getih
"wiwit dina iki aku lunga saka atimu Mas",
panyeratmu kanthi getih abang.

panyuwunanipun Mbak Tia
[nyuwun pangapunten Mbak, radi melankolis. Ati nembe resah]
btw... tahu artinya ga neeh???

2 comments:

  1. Waaa...sedih atiku moco tulisanmu...:((
    Tapi bagus banget, aku ngerti lah wan, tapi memang ada beberapa kata2 yg belum pernah denger...

    sekali2 puisiku di terjemahin ke dalam boso jowo alus koyo ngene yo...sippp

    ReplyDelete