Wis... dipungkasi wae lelakon iki, Dik
sesumbarmu agawe mirising reroncening atiku
nglumbruk... nglemperak...
banjur remuk balung sumsumku
wis adoh aku hanyampur asin lan manising kahanan
tiba tangi lan adhem panas tansah dadi sarimbit ing netraku
angin wus alon
bagaskara wus mudhun
langit wus peteng
ananging sliramu mlajar nggegirisi
angluluhake rerasa katresnan kang wus dak tata
ana ing satengahing samudra
Wis... dipungkasi wae lelakon iki, Dik
sadurunge aku pupus tanpa lara
anandhang sambat amarga kuciwa
Kanggo: sapa wae sing rumangsa gawe aku lara...
No comments:
Post a Comment