17.1.07

Kekarepan

#1
Nalika wektu nambut talining asma
agawe cemloroting pasuryan kang tansah ngujiwat
ngancani lengsering bagaskara lan mekaring rembulan
saben dina, wis cumawis nyawiji ing satengahing ati
#2
Wektu sing tansah jumangkah
nggawa sasuwir pangudarasa
werna jambon sing kasawang endah
apa iki to sing diarani tresna???
#3
saiki wis tekan ing satengahing gerbang
kekancan sing rumaket raket lan anget
angrumbaka mekar jembar anyipta tembang
lingsir wengi tansah sinandhing mupus nyenyet
#4
ati kang ngabekti
sesanti marang patraping aji
ananging obahing lindhu agawe gelaning pamuji
ngusung sepi nggendhong bencahing janji
#5
tresna iki wis nyawiji
sepira gedhe goncanging bumi
nora bisa mecah-mecah kuwasa ati
nganti satekaning pati
#6
pungkasaning carita
amung marang Gusti tansah angucap donga
muga ing sawijining dina
ati karep lan madhep iki kalimpah restu sing kuwasa

Semarang, 19 Desember 2006

No comments:

Post a Comment