22.1.07

Lelaku Urip lan Mati



lirih kidung asmaradana iki pertandha trapsilaning gati
reruntutaning pangayubagya marang panganti-anti
manah sing tansah bebungah
puspa sing tansah angrumbaka
sajroning pahit getir rerasa pangupajiwa
lelikuning urip lan reroncening carita mayapada

iki lho uripmu...
wiwit purwa nalika sliramu ambuka guwa garba
ngancik madya nalika sliramu gumlethak ing alam donya
kapungkas wasana nalika sliramu bali marang sing kuwasa

aja gumedhe. aja dumeh
anganggep werna-wernaning uripmu amung remeh
lan sanalika polahing jalma tansah nyleneh

lirih kidung asmaradana iki minangka panyandra
marang lelaku uripmu
eling lan tansah waspada iku sing paling utama
ojo lali, sesuk sliramu bakal bali marang Pangeran-Mu


Semarang, 22 Januari 2006

1 comment:

  1. wihiiiiiii.....kok serem ya bacane....
    *pdahal gak ngerti artine...*

    ReplyDelete